Ana Tangis Ing Omah Bubrah

0
384

Kahanan kang bakal takbabar iki nyata dudu crita ngayawara.  Sandhing omahku ana omah suwung kang suwene wis kurang luwih 40 taun ora nate dipanggoni nganti kabeh bangunan kropos lan ora kopen. Bangunan tuwa kuwi manut critane tangga teparo kagungane pejabat kang lenggah ing Jakarta, nanging durung ana seminggu iki bangunan tuwa kuwi digempur lan dibubrah. Tenaga kang ngayahi pakaryan nggempur lan mbubrah omah tuwa kuwi dudu wong dhusun nanging nekakake saka njaban kutha.

Sedina rong dina pancen katon ora ana masalah ing omah bubrah kuwi, nanging dina kang kaping pitu saben wengi ana suwara tangis kang ngrerintih melas, sangsaya dirungokake tambah melas lan mesakake. Kaya wong kelangan barang kang ditresnani, suwara tangis mau bisa kawaca menawa kuwi tangis sedih kang kebak panalangsa.

Nalika aku nulis crita iki bangunan kuwi durung rampung digempur, isih ana tembok ngadeg kang pas ana sisih buri omahku. Saben bengi kaya ana suwara padha omong-omongan nanging ora cetha ngomong apa. “Suwara gemrunggung saut-sautan, antarane suwara lanang lan wadon, banjur ana suwara bocah cilik padha pating cruwit ora cetha karepe,” kaya ngono kuwi suwara kang takrungu saben bengi.

“Dik, apa kowe krungu bocah nangis kae,” pitakone bojoku ing tengah wengi kang tintrim.

Pranyata ora mung aku kang bisa krungu suwara tangis ing omah bubrah, bojoku uga krungu suwarane bocah cilik kang nangis. “Iya mas, nanging ora mung suwarane bocah cilik wae, kae ing pojok sisih kulon uga ana suwara tangise ibune lan bapakne cetha banget saka omahe dhewe,” wangsulanku karo menehi katrangan kaya apa kang takrungokke.

Pancen omah kang dibubrah kuwi klebu omah angker, kepara saben esuk bocah-bocah SD kang ora adoh saka papan kono padha pating grudug nonton lan nyambangi omah suwung kuwi. “Eeee Dion, kae ana mata mlirik lho,” kandhane bocah-bocah kang nonton omah suwung kuwi marang kancane. Banjur padha mlayu jare wedi dipliriki mata mencorong saka njeron kaca, kedadeyan kuwi saben esuk lan saben wayah sekolah ngaso.

Sawise omah suwung kuwi dibubrah takpikir wis ora ana kedadeyan nyalawadi, jebul isih ana suwara tangis saben tengah wengi ing omah kang dibubrah. Sanajan ana tangis ing omah bubrah nanging aku lan keluwargaku ora ana rasa wedi, sebab aku percaya donyane suwara tangis kuwi seje karo donyaku. Aku percaya Gusti Kang Murbeng Dumadi kuwi nyipta anane donya nyata lan donya gaib, mula menawa aku mrangguli kahanan kang nyalawadi kaya kang takalami iki pancen sanyatane ana.

Muga-muga tangis kang ngaru-ara saben tengah kuwi enggal antuk papan kang bisa kanggo ngayomi keluwargane lan ora ngganggu marang titahe Kang Maha Kuwasa liyane. Sanajan ana saperangan wong kang ora percaya anane titah gaib kuwi sumangga wae, nanging kang cetha minangka titah kang diparingi kasampurnan dibandhing titah liyane wajib maturnuwun marang Gusti Kang Maha Agung.

Crita kang magepokan karo donyane gaib iki muga-muga bisa dadi wacan kang migunani lan bisa nambah kapercayan marang Gusti kang paring gesang, tambah rasa taat lan imane menawa manungsa wis tinakdir dadi titah kang sampurna kanthi nalar, pikir, rasa. Muga-muga dadi wacan kang mumpangat.

Tatiek Kalingga ( djakalodang.co.id)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here