Pelatihan Βudidaya Jamur Merang
Kanggo para maos Djoko Lodang, kang kepengen sinau budidaya jamur merang utawa jamur tiram iso hubungan karo Suharyanto lewat redaksi Djoko Lodang utawa langsung karo Lodha ing tegalsari Sendangrejo Minggir sleman, HP. 081915558884, 082134973280, 081804002980. Wus akeh para sedulur kang padha latihan ing papane. Kepara ora mung sedulur saka yogya wae, ananging sedulur saka manca negara, kayata Pilipina, singapura lan Timor Timur uga wus nate latihan budidaya jamur ana ing papane. Lodha seneng banget menawa ana sedulur saka tlatah pradesan kang duwe krentek sinau jamur ana panggonane, bakal digratiske amarga piyambakake duweni panggagas kanggo ningkatake wulu wedal ing tlatah padesan.
Kanggo mujudake panjangkane piyambake ngedekake Yayasan Komunitas Desa Mandiri. Lewat yayasan iki para petani dikumpulke supaya iso mbudidaya majukake para kadang pradesan ing babakan tetanen khususe budidaya jamur. Saiki udara kara telungpuluhan sedulur melu nggabung ing lembagane kanthi ngedekake Kelompok Petani Jamur Rejeki.Sedulur kang padha dadi anggotane ora mung saka tlatah Minggir wae ananging malah saka adoh omahe kayata saka Boro lan Semaken Kulon Progo, saka Ngluwar Magelang lan saka Bumijo, Yogyakarta.