DJAKA LODANG

Tradhisi Ceng Beng

Bookmark and Share

Sembahyang ing makam leluhur (Foto Novi DL)

Cembeng dipigunakake warga Tionghoa kanggo nyembayangake para leluhur kang wis tilar donya. Cembeng diadani ing makam para leluhur kang wis diresiki sadurunge. Riyaya Cembeng diadani saben tanggal 4 utawa 5 April saben taune. Cembeng asale saka tembung Ceng Beng (basa Hok Kian) utawa Qing Ming (basa Mandarin). Tembung Qing Ming tegese langit padhang, resik, lan terang.

Ceng Beng yaiku dina kaping 5 saka 24 Jie Qi, mangsa para kadang tani padha nyebar winih lan nandur kembang. Para kadang tani padha sembahyang marang leluhure, ngucap sukur lan atur panuwun marang leluhur kang wis menehi sawah, warisan, budi kebajikan, lan sapanunggalane.

Jaman Dinasti Zhou, tradhisi Ceng Beng minangka upacara kang magepokan karo musim lan pertanian. Uga minangka tandha entek-entekane hawa adhem lan wiwitane hawa panas. Para warga Tionghoa uga nyelehake kertas dawa ing kuburan lan watu nisan. Miturut crita kang kasebar, adapt nyelehake kertas ing kuburan  dipracaya kongkonan saka Zhu Yuanzhang, kaisar kang ngedegake Dinasti Ming supaya nggoleki kuburane Bapakne. Marga ora ngerti papane, piyambake kongkon rakyate supaya nyelehake kertas ing watu nisan leluhure.

Saben dina Ceng Beng, para sedulur Tionghoa padha teka ing makam paring pakurmatan marang leluhur kanthi gawa maneka uba rampe kayata, woh-wohan, sayuran, kertas perak, kue, sega cacah 3, lawuh cacah 6 utawa 12, dhuwit-dhuwitan, klambi-klambinan, sepatu-sepatunan, lan uba rampe kang disenengi karo leluhure. Uba rampe kaya dhuwit-dhuwitan, kertas perak banjur diobong minangka tandha pakurmatan marang leluhur.

Para sedulur kang isih urip ing donya wajib ngresiki makam saka suket-suket, gegodhongan garing, kewan-kewan kang tememplek ing suket supaya makam tetep wutuh, resik, padhang, lan katata. Tradhisi Ceng Beng tegese padha karo nyadran kanggone uwong Jawa. Nyekar utawa nyebar kembang ing makam leluhur. Supaya tetep eling marang leluhur.

Tradhisi Ceng Beng ora bisa uwal saka tata cara adat, antarane kegiyatan ngundha layangan, dhahar endhog, nglukis endhog, ngukir kulit endhog. Kegiyatan ngundha layangan diadani ing dina Ceng Beng marga langite padhang lan resik. Layangan kang diundha ing langit kang biru, medhotake taline, mabur ngetutake angina lan nglantarake ing papan adoh dipracaya bisa ngilangake lelara lan ngindhani bencana, lan nekakake nasib apik.

Adat liyane kang uga ditindakake ing mangsa Ceng Beng yaiku dolanan ayunan (Qiu Qian). Adat iki katindakake ing jaman kuno. Ayunan ing jaman kuno kagawe saka pang wit-witan minangka rangka, banjur ditaleni nganggo tali utawa selendang. Ing jaman saiki, ayunan uga isih dienggo lan disenengi karo bocah-bocah cilik minangka dolanan kang kadadean saka papan/ balok kayu lan tali.

Kejaba dolanan layangan lan ayunan, Ceng Beng uga dipigunakake para warga tionghoa kanggo nandur wit-witan sadurunge lan sawise Ceng Beng. Nandur wit-witan ngepasi srengenge sumunar ing mangsa semi, udan ing musim semi dipracaya tandurane bakal urib lan ngrembaka luwih cepet.

Dina Ceng Beng uga dipigunakake para warga Tionghoa minangka sarana nglumpukake keluarga kang kasebar ing maneka papan ing jaban dhaerah. Kita bisa ngundhuh pesan moral riyaya Ceng Beng yaiku magepokan karo paring pakurmatan marang laluhur, sesembahan kanggo leluhur arupa panganan, ngraketake paseduluran, kasalarasan, setya, bekti. (Novi/DL)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>

Find Us On Facebook                            Join Our Circle On Google+