DJAKA LODANG

Ruwat Rawat Borobudur ke XII – 2015

Bookmark and Share

Kirab Budaya ngubengi candhi Borobudur.Gunungan Ruwat Rawat Borobudur XII

“PUSAKA BUDAYA UNTUK ANAK BANGSA“

CANDHI BOROBUDUR mujudake situs sejarah peradaban. Nanging laras karo mekar ngrembakane jaman, jejere Candhi Borobudur sing dadi objek pariwisata wis adoh ninggalake budaya masarakat sakubenge. Masarakat ing sakubenge Candhi Borobudur sing sadurunge wis duwe adat, tradhisi lan kabudayan, saiki wis wiwit ilang. Masarakat ora mangerteni maneh lan ora kenal karo adat istiadat, budaya apadene tradhisi duweke dhewe sing kudune dadi khasanah budaya sing gedhe ajine. Anane pangaribawa budaya-budaya saka njaba banget kuwat ngesuk lan mangaribawani owah-owahan panguripane masarakat. Bab iki sing dadi prekara wigati lan banget mrihatinake.

“Borobudur minangka sumber daya budaya saiki mung dadi simbol peradaban liya, wis bisa medhot sesambungane generasi saiki saka makna historis, kawruh, lan kabudayan, sarta sesambungan sosial lan spiritual. Sekularisasi jejere Candhi Borobudur kanthi andadekake candhi iki mung minangka komoditi pariwisata kanthi ngiwakake dimensi liyane. Amarga ora bisa diselaki maneh yen Candhi Borobudur bakal dadi papan patemone sawernane dimensi kaperluan. Kita ora kepengin bab iki nyuda ajine sejarah peradaban lan ajine reflektif panguripan sarta budaya masarakat sing tuwuh lan mekar ngrembaka ing sakubenge Candhi Borobudur,” pratelane Sucoro, Ketua Paguyuban Pecinta dan Pelestari Seni Budaya Borobudur sing uga Ketua LSM ‘Warung Info Jagad Cleguk Borobudur’.

Sabanjure kabeberake, ing perangan liya kalangan birokrasi sangsaya angel mahami kepriye alam pikirane para seniman, sutresna seni lan budaya sarta masarakat sing tansah ngudi amrih lestarine tradhisi, budaya warisan leluhur. Sutresna seni lan tradhisi asring dianggep ora prosedural lan dianggep asring tumindak sing aneh–aneh. Kamangka sakarone duwe jejibahan wigati sajrone mbangun lan nguri-uri seni, tradhisi lan budaya.

Saengga, antisipasi lan kekarepan kanggo njaga lan mbangun kabudayan kudu tetep dadi punjere pambangunan peradaban bangsa. Masarakat lan Pemerintah kudu sangsaya kritis lan kreatif sajrone nyamektakake lan ngayahi strategi, supaya sakarone (masarakat lan pemerintah) bisa mapanake kabudayan bangsa  dadi punjere kawigaten donya.

Magepokan karo kegiyatan “Ruwat Rawat Borobudur”, Sucoro ngandharake, “ruwat” minangka laku budaya sing tundhone tumuju marang pepadhang lan pemahaman ing bab urip lan panguripan. Ruwat mujudake piwulang kanggo luwih mangerteni watak utawa karakter jiwane manungsa, minangka pepadhange batin tumrap sing bisa rumangsa lan mahami kahanan urip sing duwe makna.

Kegiyatan iki kanthi gegayuhan kanggo nguwatake kawasan Borobudur minangka salah sijine “destinasi wisata”. Uga kaajab Candhi Borobudur lan sakubenge dadi papan jujugan wisata donya, lan masarakat Borobudur bisa duwe kawruh, dadi kader pariwisata sing lantip lan duwe pamawas sing luwih wicaksana sajrone tumindak kanggo ngadhepi mekar-ngrembakane kahanan sing bakal teka laras karo pelestarian lan pemanfaatan potensi Candhi Borobudur minangka warisan budaya. “Kita duwe pangajab warisan budaya mau ora mung dianggep duweke sawijine kelompok utawa golongan. Kita uga kepengin supaya Ruwat Rawat Borobudur dadi ajang kegiyatan sing disengkuyung sakehe pemangku kapentingan (stakeholders) amrih bisa tuwuh nyawijine karsa saka sakehe stakeholders mau sing duwe lambaran beda-beda,” pandhese Sucoro. Wigatine upaya ngrumat sesambungan sosial lan sesambungan spiritual lumantar kegiyatan iki, satemah “Ruwat Rawat Borobudur” perlu diayahi kanthi wektu sing ajeg. Saengga, sajrone rerangken ruwat-rawat marang Candhi Borobudur, diadani sawernane kegiyatan sing katujokake kanggo mbangun gedhene makna Candhi Borobudur minangka destinasi wisata, minangka warisan sejarah peradaban, lan minangka refleksi ajine panguripan sajrone rerangken sesambungan sosial lan spiritual  (lintas agama lan lintas kapercayan).

Ruwat Rawat Borobudur ka XII taun 2015 iki kanthi tema, “Pusaka Budaya untuk Anak Bangsa”. Tema iki duwe makna supaya generasi mudha ora lali marang tradhisi lan budaya lokal. Acara iki diayahi dening Paguyuban Pecinta Seni dan Budaya Borobudur, “Warung Info Jagad Cleguk”. Kegiyatan iki ing antarane duwe tujuan kanggo mekarake pemahaman substansial marang pengetan ‘Hari Pusaka Budaya Dunia,’ nuwuhake kesadharan generasi mudha marang khasanah Pusaka Budaya Dunia, nuwuhake kesadaran marang akehe kabudayan lan kahanan sakubenge, Konservasi Nasional, lan mekarake kuwalitas destinasi wisata ing Kawasan Borobudur lan sakiwa-tengene (Merapi lan Menoreh).

Ruwat Rawat Borobudur ke XII – 2015 dibukak dening Direktur Jendral Kebudayaan, Prof. Kacung Maridjan, Ph.D., rikala tanggal 18 April 2015 ing Taman Lumbini Taman Wisata Candi Borobudur, lan katutup dening Direktur Pelestarian Cagar Budaya dan Permuseuman, Dr. Harry Widianto makili Dirjen Kebudayaan. Sawernane kegiyatan ing rerangken Ruwat Rawat Borobudur ka XII sing digelar kayata, Jelajah Pusaka bebarengan karo Remaja Pariwisata Kreatif,  Festival Seni lan Budaya Rakyat, Festival Tradhisi Sedhekah Pundhen, Ritual Sedhekah Kedhung Winong. Kegiyatan liyane yaiku Sarasehan Seni lan Budaya, Workshop Seni, Tradhisi lan Budaya Lokal Borobudur, Pameran Foto lan Orasi Kebudayaan.

Dr. Harry Widianto mratelakake, piyambake banget aweh apresiasi marang kegiyatan Ruwat Rawat Borobudur iki sing wis diayahi luwih saka sepuluh taun dening masarakat sutresna lan pelestari seni lan budaya ing Borobudur. Ana ing kegiyatan iki diadani festival kesenian rakyat minangka upaya nguri-uri lan mekar-ngrembakake kesenian rakyat.

Dene Bambang Sadono, anggota Dewan Perwakilan Daerah Republik Indonesia wakil saka Propinsi Jawa Tengah  mratelakake, minangka anggota DPD RI piyambake banget nyengkuyung anane kegiyatan Ruwat Rawat Borobudur sing digelar para seniman sarta masarakat sutresna lan pelestari seni lan budaya ing Borobudur iki. Piyambake ngandharake, wektu iki pemerintah durung akeh tumindak marang kesenian. Saengga, saiki DPD RI lagi ngusulake Rancangan Undang Undang Perlindungan Bahasa dan Kesenian Daerah. Ana ing rancangan undang-undang mau mengkone bakal majibake marang negara yaiku pemerintah pusat lan pemerintah daerah supaya ngayomi kesenian daerah klebu nyediani anggaran sing murwat kanggo kesenian.

Sajrone acara panutupan Ruwat Rawat Borobudur ka XII – 2015 iki digelar Joged Kidung Karmawibangga, pagelaran tari denjing penyaji sing paling apik, lan maringake trophy marang para juara festival kesenian rakyat. Ing kalodhangan iki Sucoro ngepyakake buku karyane sing asesirah “Bumi Karma Borobudur”. Buku otobiografi Sucoro mau magepokan karo anane Candi Borobudur iki minangka karyane sing kapindho. Sadurunge nate nyerat buku asesirah “Dari Luar Pagar Taman Borobudur”. Acara panutupan iki uga dirawuhi saweneh pejabat kayata mantan Dirjen Kebudayaan, Wiendu Nuryanti, Kepala Balai Konservasi Borobudur, Drs. Marsis Sutopo M.Si., Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupaten Magelang, Drs. Edy Susanto, Direktur PT Taman Wisata Candi Borobudur, Chrisnamurti Adiningrum, lan pejabat liyane. Acara panutupan Ruwat Rawat Borobudur ka XII – 2015 iki dipungkasi kanthi Kirab Budaya tumuju menyang plataran Candhi Borobudur sing sinartan ora kurang saka 81 kelompok kesenian ing tlatah Borobudur lan sakubenge sarta saka dhaerah liyane. Acara iki banget narik kawigaten para wisatawan domestik lan wisatawan mancanegara sing kapinujon teka ing Candhi Borobudur. ***

(Amat Sukandar)

 

 

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>

Find Us On Facebook                            Join Our Circle On Google+